ARTMOSCHESTRA HERITAGE
Wayang Kulit
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyane.
Wayang kulit dimainke ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepake ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngramaake pagelaran iki.
Bab lan Paragraf[delikna] |
[sunting] Panyebaran
Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga perangan Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wetan. Ing antarane panggonan siji lan liyane nduwe gagrag dhewe-dhewe, sing paling gedhe yaiku Gagrag Ngayogjakarta karo Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahe dhewe.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarane pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwene pagelaran kang asline sewengi sok dikurangi dadi sawetara jam thok.
[sunting] Uba Rampe
| Cempala | : | thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon. |
| Kelir | : | layar putih kang dibeber kanggo mainke wayang. |
| Blencong | : | Senthir kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalane senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik. |
| Kepyak | : | digawe seka kuningan kanggo iringane dhalang. |
| Kothak | : | wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala |
| Gedebog/debog | : | kanggo tancepan wayang. |
| Gamelan | : | kanggo ngiringi pagelaran. |
[sunting] Simpingan
Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarane dhalang siji lan liyane. Ana kang kurang seka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.
[sunting] Simpingan Kiwa
Ing antarane kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:
- Buta Brahala/Ditya Balasrewu
- Kumbakarna
- Tremboko
- Bathara Gana
- Nilarudraka
- Bathara Kala
- Karungkala
- Bagaspati
- Yudhakalakresna
- Kala Pracona
- Maesasura
- Lembusura
- Gajendramuka
- Niwatakawaca
- Prahasta
- Wisnungkara
- Jambumangli
- Pancatnyana
- Arimba
- Suratimantra
- Sekipu
- Getahbanjaran
- Prabakesa
- Wisnungkara
- Brajawikalpa
- Brajalamatan
- Yamadipati
- Rajamala
- Dasamuka Triwikrama/kurda
- Dasamuka
- Sumali
- Rahwana
- Bomantara
- Wesiaji/Watuaji
- Brajadentha
- Brajamusthi
- Indrajid/Meganandha
- Bukbis/Pratalamaryam
- Trisirah
- Trinetra
- Trikaya
- Triweneh
- Trimurdha
- Dewantaka
- Dewantumut
- Narantaka
- Sagsadewa
- Kangsa
- Duryudana
- Kurupati
- Setija/Bomanaraksura
- Bogadenta
- Sambu
- {{Baladewa|Prabu Baladewa]] kanthi maneka wanda (versi)
- Gendara/Prabu Suwala
- Sugriwa
- Subali
- Bathara Indra
- Prabu Basudewa
- Matswapati
- Dhestharastra
- Dasarata
- Drupada
- Salya
- Bismaka
- Kencakarupa
- Rupakencaka
- Basudewa Nom
- Gardapati
- Seta
- Utara
- Wratsangka
- Bismaka
- Setyajid
- Resi Bisma
- Ugrasena
- Singamulangjaya
- Setyaki
- Sanga-Sanga/Jayasanga
- Arya Prabu Rukma
- Wibisana
- Supala
- Suwanda
- Adipati Karna
- Dhresthajumena
- Denthawilukrama
- Nakula
- Sadewa
- Trigantalpati/Suman
- Kumbayana
- Narasoma
- Narayana
- Lesmanamandrakumara/Sarojakusuma
- Bathara Panyarikan
- Bathara Mahadewa
- Samba
- Setyaka
- Warsakusuma
- Rukmarata
- Wisanggeni
- Pinten
- Tangsen
- Denawa Bajang/Sukasrana
- Bayi Denawa
[sunting] Simpingan Tengen
Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti seka wayang Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.
- Brahala/Dewa Amral/Dewa Mambang
- Prabu Tuguwasesa/Jaya Pusaka/Renggani Sura (versi Yogyakarta/Ki Timbul)
- Bathara Bayu
- Bima/Werkudara
- Dhandunwacana
- Ramabarghawa
- Pulasiya
- Bratasena/Dwijasena/Wijasena
- Jagal Abilawa/Billawa
- Guru Putra
- Bathara Brama
- Gandamana
- Bathara Tantra
- Danaraja/Danapati
- Antareja
- Gathutkaca
- Suryakaca
- Abiyasa Kurda (marah)
- Jaya Sumpena
- Sasikirana
- Antasena
- Bathara Baruna
- Puthut Guritna
- Wisnu Kapiwara
- Anoman
- Resi Mayangkara
- Bathara Guru
- Bathara Wisnu
- Kresna
- Kresna Dipayana (Prabu Abiyasa)
- Narasinga
- Ramawijaya
- Mahapunggung
- Watugunung
- Arjunasasrabahu
- Kuncara Kresna
- Kuncara Kresna Nom
- Sentanu
- Kamajaya
- Dasarata
- Kresna Dipayana
- Palasara
- Manumayasa
- Pandu Dewanata
- Kariti/Katili/Wilikiti
- Sekutrem
- Puntadewa
- Yudistira
- Abiyasa Nom
- Dewabrata
- Arjuna
- Dananjaya
- Leksmana Widagda
- Suryatmaja/Suryaputra
- Permadi
- Ciptaning
- Wijakangka
- Yama Widura
- Abimanyu
- Parikesit
- Dewasrani
- Bathara Surya
- Bathara Kamajaya
- Sakri
- Sucitra
- Sumantri
- Wrehatnala
- Sanjaya
- Pancawala
- Priyambada
- Irawan
- Sumitra
- Sidapaksa
- Jaya Sampurna
- Bambangan (srambahan)
- Bathara Narada
- Arimbi Yaksi
- Bathari Durga
- Anjani
- Jembawati
- Setyaboma
- Rukmini
- Dresanala
- Erawati
- Surtikanthi
- Banowati
- Gendari
- Kunthi
- Drupadi
- Madrim
- Trijatha
- Bathari Uma
- Bathari Supraba
- Bathari Wilutama
- Dewi Amba sakadhang
- Bathari Sri
- Sinta
- Sembadra
- Srikandhi
- Larasati/Rarasati
- Utari
- Pregiwa
- Pregiwati
- Sumpaniwati
- Siti Sundari
- Titisari
- Sang Hyang Wenang
- Dewa Ruci
- Wayang Bayen/putran
[sunting] Wayang Dhudahan
Wayang dhudahan yaiku wayang kang ora melu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kotak. Biasane wayang dhudahan kuwi klebu wayang sing kerap dilakokake dening Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan : 1. Dhudahan Kurawa
- Patih Sengkuni
- Pandhita Durna
- Burisrawa
- Dursasana
- Kartamarma
- Jayadrata
- Durmagati, Durgempa, Durmuka, lan sapiturute
- Aswatama
- Citraksa
- Citraksi
2. Dhudahan Pandhita lan Dewa ^ Begawan Abiyasa
- Begawan Sempani/Sapwani
- Resi Wisrawa
- Begawan Wilwuk
- Nagaraja
- Anantaboga
- Badawangananala
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
- Cakil
- Bragalba
- Buta Rambut Geni
- Buta Terong
4. Dhudahan Panakawan
- Semar
- Gareng
- Petruk
- Bagong
- Togog/Catugora
- Bilung/Sarawita
- Cantrik
5. Dhudahan Keparak
- Keparak/Emban ayu kembar
- Ampil-ampil
- Limbuk
- Cangik
6. Dhudahan Prajurit
- Patih Udawa
- Druwajaya
- Pragota
- Prabawa
- Patih Tuhayata
- Patih Saragupita
- Patih Adimanggala
- Patih Sabrangan
- Ampyak/Prampogan
- Wisata lan Wilmuka
- Demang Sarapadha/Cekruktuna
- Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
- Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
- Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
- Wayang Setanan
- Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
- Anila
- Anggada
- Jembawan
- Trigangga/Triyangga
- Kapi Anggeni
- Kapi Indrajanu
- Kapi Suwida
- Kapi Pramujabahu
- Kapi Kingkin
- Kapi Warjita/Cacingkanil
- Kapi Janulen
- Kapi Menda
- Kapi Cucak Rawun
- Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kewan
- Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
- Banteng (Andhaka)
- Macam (Simo/Sardhula)
- Ula (Sarpa/Taksaka)
- Celeng (wraha)
- Garudha
- Kidhang
- Landhak
- Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
- Kreta Kencana
- Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)
0 komentar:
Posting Komentar